NamaGambar. Undangan Tahlil Jawa Microsoft Office Word Office Word Microsoft Word 2010.
TuladhaAtur Pasrah Lamaran, Contoh Sambutan Acara Lamaran Bahasa Jawa - June 15, 2016 Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Untuksekedar atur-atur jangan sampai kita dimintai tolong kerabat yang punya hajat tidak mau hanya karena alasan tidak bisa. Berikut ini contoh sederhana atur-atur syukuran/kenduri dalam budaya jawa: - Kepareng matur kalian Bpk
CZu3I. Berawal dari punya hajatan kecil dan berniat untuk syukuran dengan mengundang sanak family dan kerabat untuk datang memberikan doa, dalam budaya jawa disebut among-among atau kenduri. Dengan meminta tolong kebeberapa kerabat untuk mengundangnya, Saya jadi kepikiran untuk menulis artikel ini. Apa sih kenduri itu? 'Dalam budaya jawa kenduri atau genduren tiap daerah namanya berbeda-beda tapi tujuanNya saya yakin sama cuma beda tata caranya, yaitu ujud rasa syukur dalam bentuk sodaqoh kepada tetangga agar ikut mendoakan dan diberkahi dalam kehidupan. Yang akan saya sampaikan di bawah ini bukan makna dan tujuan dari kenduri tapi cara mengundang kerabat saudara dan tetangga untuk datang di acara kenduri dalam bahasa jawa disebut Atur-atur. Kata atur-atur yang berarti mengatur/ngaturi atau menyuruh. Atur-atur dimaksudkan untuk mengundang orang agar datang menghadiri syukuran kenduri atau dalam bentuk hajatan lainNya. Atur-atur dilakukan dengan bahasa jawa halus atau di sebut kromo inggil. Sejalan dengan perkembangan jaman menuju modern kebudayaan jawa sedikit tergeser oleh modernisasi budaya barat. Sekarang ini banyak anak muda yang tidak tahu budaya jawa yang merupakan kebudayaan asli leluhur yang diwariskan kepada kita. Masih banyak anak muda yang belum bisa atur-atur walau dalam kontek sederhana dalam acara yang kecil. Kita sebagai generasi penerus seharusnya bisa mengganti orang tua, Karena masih banyak di lingkungan kita atur-atur dilakukan orang tua yang sebenarnya sudah tidak pantas lagi. Untuk sekedar atur-atur jangan sampai kita dimintai tolong kerabat yang punya hajat tidak mau hanya karena alasan tidak bisa. Berikut ini contoh sederhana atur-atur syukuran/kenduri dalam budaya jawa - Kepareng matur kalian Bpk...Nama orang yang kita undang, kulo sowan mriki sepindah silaturohim, kaping kalihipun kulo dipun utus kalian Bpk...orang yang menyuruh kita bilih panjenengan dipun suwun rawuh wonten dalemipun Bpk...wancinipun jam...tanggal...sak perlu...sebutkan keperluanNya, Setelah selesai menyampaikan maksud dan tujuan kita. Baru kita minta izin untuk pamit. Kepareng matur Bpk...kadhos sampun cekap anggen kulo matur lan sampun pinanggih sae,kulo badhe nyuwun pamit. Masih banyak contoh atur-atur yang lebih benar kosakata dan pengucapanNya tapi dengan sedikit contoh ini setidaknya kita tahu dan mengerti bentuk sederhana dari atur-atur. Semoga bermanfaat.
Solo - Kata sambutan biasa disampaikan saat akan membuka suatu acara. Pada masyarakat Jawa, biasanya kata sambutan disampaikan dalam bahasa Jawa. Untuk itu, berikut ini contoh kata sambutan berbagai acara berbahasa Kamus Besar Bahasa Indonesia KBBI, kata sambutan dijelaskan sebagai pidato dan sebagainya yang diucapkan dalam suatu acara perayaan, pesta, dan sebagainya. Kata sambutan dapat disampaikan menggunakan berbagai bahasa, salah satunya bahasa sambutan terdiri dari sejumlah unsur penting yang harus disampaikan, yaitu menyampaikan salam pembuka, rasa syukur kepada Tuhan, ucapan selamat datang kepada tamu, maksud dan tujuan acara, ucapan terima kasih kepada pihak-pihak yang membantu, permohonan maaf apabila terdapat kekurangan, dan salam penutup. Berikut beberapa contoh kata sambutan berbagai tema dalam bahasa Jawa yang dikutip dari buku 'Gati Wicara' 2014 oleh Suwardi Endraswara dan buku Panduan Pelaku Utama Upacara Resepsi Pernikahan Adat Jawa 2018 oleh Sarwanto 1Kata Sambutan bahasa Jawa dalam acara peringatan Maulid warahmatullahi wabarakatuh,Bapak-bapak, Ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang dahat kinurmatan. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur alhamdulillah wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal sesarengan wonten ing masjid ... dalu dinten menika tanggal 12 Rabiulawal tahun ... utawa tanggal ... wulan ... tahun ... masehi. Kula panjenengan sedaya saged kempal wonten ing masjid ... ngriki, ingkang saperlu Maulid Nabi junjungan kula panjenengan sedaya panjenenganipun Nabi Agung Muhammad SAW, Rasulullah panutan umat minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Ageng Muhammad SAW ing masjid ... ngriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW ing masjid ... ngriki. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dhumateng agami Islam minangka pitedah kebagyaning agesang wonten in ngalam donya dumugi wonten ing alam akhirat langkung kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para mudha sanak sedherek ingkang sampun paring pambiyantu ngenthengaken saha tumut ngrigenaken pengetan Maulid Nabi menika, kula minangka panitia penyelenggara boten saged ngaturaken menapa-menapa kajawi pudya pudyastuti dhumateng Pangeran Allah SWT mugi amal lan kesaenan panjenengan sadaya kala wau angsal piwales; ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah inti saking pengetan menika badhe dipunwedharaken dening Bapak ... Mubalegh ... saking ...Kula kinten menggah atur pambuka kula cekapi semanten, kalam billahit taufik wal hidayah, Wassalamualaikum warahmatullahi 2Kata Sambutan bahasa Jawa dalam acara wisuda warahmatullahi wabarakatuh,Puji sukur alhamdulillah, tansah konjuk dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring gesang, nikmat sehat, saha kabegjan dhumateng jamaah sadaya. Salawat saha salam mugi katur junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW kanthi pandaya mugi barokah saha safaat tangsah tumedhak dhumateng umat akhir zaman, mliginipun ingkang rawuh ing majlis bagya mulya wontena keparengipun, kula ingkang tinanggenah makili bapak/ibu wali santri TPA/pondhok ..., mugi sedaya ikhlas lair batos, kula ingkang piniji makili sagung wali santri, inggih kumedah-kedah caos atur, mliginipun katur dhumateng bapak ibu kiai saha pengasuh, ingkang sampun kanthi tegen mugen saha ikhlas mbimbing anak-anak kula sedaya, ngantos saged maos Al-Quran utawi khatam Iqra ing dalu menika, malah saperangan ugi sampun saged khatam apalan. Mugi-mugi amal sae para guru saged katampi dening Allah ta'ala, pikantuk kelintu ganjaran ingkang saking menika, saestu saking wali santri ugi nyuwunaken pangapunten, mbokbilih lare-lare kula anggenipun ngaos kathah kirang suba sita saha tata krama ingkang nerak saking ugering udanegara, kanthi bimbingan jengandika sami mugi-mugi mimbuhana ngelmu ingkang sampun katampi saged manfaat, maslahat, din dunyan wal kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalamualaikum warahmatullahi 3Kata Sambutan bahasa Jawa dalam acara Halal Bihalal atau wr. wb.,Dhumateng para alim ulama, para kiai, sumrambah sagung umarah ingkang satuhu dados panuntuning umat, khusus dhumateng ngarsanipun K. H. Warsitajati ingkang samangke kepareng medharaken menggah kliweripun wosing halal bihalal, tumedhak dhumateng kaum muslimin wal muslimah ingkang kula degsura kumawantun ngadeg wonten ngriki, nun inggih minangka panitia halal bi halal, mugi kepareng bilih kula samangke mahyakaken raos pangraos ingkang mrentul tulus saking para kadang purwakaning atur, langkung rumiyin kula tansah muji syukur awit kula saha Panjenengan sadaya tansah pinaringan dirgayuswa, saged ngayahi kuwajiban, tindak pengaosan ing majlis taklim menika. Salajengipun, shalawat saha salam tansah konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi-mugi syafaatipun tansah lumeber dhumateng sagung radi randhat, keparenga kula ngaturaken pambagya panakrami, tuwin ngaturaken agunging panuwun awit Panjenengan sadaya sampun kanthi ikhlas lillahi ta'ala, rawuh ing papan menika. Mugi-mugi tindak Panjenengan saestu kelebetna minangka ngibadah ingkang katampi wonten in ngarsa dalem Allah SWT. Allahuma katur dhumateng K. H. Warsitajati saking Miliran, Umbulharjo, saestu panitia ngaturaken agunging panuwun, awit sampun kersa rawuh saha samangke badhe mbabar pajar kalidamar tumrap jamaah sadaya. Panitia boten saged caos menapa-menapa, kajawi kairing donga, mugi-mugi amal Panjenengan hanampi ganjaran ingkang sakalangkung murwat saking Allah SWT. Allahuma sugeng nyekecakaken lenggah ngantos pumaning acara ing dalu menika. Minangka pepuntoning atur, mbokbilih kathah cewet kuciwaning atur, kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun apunten, tahu kecap dicampur bakmi, menawi wonten keladuking patrap nyuwun wr. 4Kata Sambutan bahasa Jawa oleh pemangku hajat dalam resepsi wr. kula hangambali ngaturaken pambagya raharja rawuh Panjenengan sadaya. Bapa Rohmadi sakalihan rumaos bombong birawaning panggalih, hawit Panjenengan sadaya kapareng rawuh haminang-kani atur panyuwunipun lumantar serat sedhahan ingkang sampun panjenengan boten sanes kajawi badhe dipun-suwuni tambahing donga pangestu, awit ing dinten punika Bapa Rohmadi sakalihan kapareng hanjatukramakaken putra putrinipun ingkang wewangi Rara ..., ingkang kajatukrama dening Bagus ..., putra kakungipun Bapa ..., sakalihan besan ingkang pidalem ing ....Puja pangestu panjenengan sadaya mugi-mugi handayanana dhumateng panganten sarimbit ingkang badhe lelumban ing alam bebrayan. Anggenipun ngasta puser pusaraning bale griya, mugi tansah antuka berkah pangayoman sarta tuntunanipun Gusti Ingkang Maha Mirah saha Maha Asih, satemah gesangipun manggih bagya mulya, kasembadan sedyanipun ingkang utami, gesangipun ayem tentrem lahir batin ndonya dumugining saking punika, Bapa Rohmadi sakalihan ngaturaken agungin panuwun ingkang tanpa upami, awit saking sih pambiyantu saha panyengkuyung Panjenengan sadaya ingkang arupi menapa kemawon, ingkang boten saged kula aturaken peprincenipun satunggal mbaka satunggal. Bapa Rohmadi sakalihan namung saged atur pepuji, mugi-mugi sih kadarman saha kasaenan Panjenengan sadaya dadosa ngamal, sarta pikantuka piwales ingkang sakalangkung ageng saking ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Rohmadi sakalihan nglenggana jejering titah sawantah ingkang boten saged endha saking kalepatan. Ingkang punika hambok bilih anggenipun hangacarani, ngaturi palenggahan saha pasugatan boten andadosaken renaning panggalih, Bapa Rohmadi sakalihan lumantar kula nyuwun agunging panyuwunipun pamengku gati, mugi Panjenengan sadaya kapareng nglajengaken lelenggahan kanthi suka parisuka ngantos dumugi paripurnaning pahargyan ing siyang/dalu wr. 5Kata Sambutan bahasa Jawa dalam acara peringatan Isra warahmatullahi Ibu-ibu kaum muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan. Mangga kula panjenengan sedaya sesarengan monjuk atur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat saha hidayah, dene kula panjenengan sami saged kempal wonten ing ngriki saperlu ngawontenaken pengetan Isra minangka panitia penyelenggara pengetan Isra Miraj ing mesjid ... menika ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal dhangan ing panggalih kersa ngrawuhi pengetan Isra Miraj ing masjid ... ugi dhumateng para sanak sedherek ingkang sampun kersa paring pambiyanti bot-repoting pahargyan pengetan Isra Miraj menika. Sedaya kalawau boten saged kula wales ngangge menapa-menapa, hanamung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, supados sedaya wau dados amal kesaenan panjenengan sedaya tuwin pikantuka pahala saking Allah SWT ingkang ya Allah ya Rabbal muslimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya. Ing dalu menika kaleres tanggal 27 Rajab 20..., utawi tanggal ... wulan ... tahun ... Masehi, kula penjenengan sedaya sesarengan mengeti Isra Miraj junjungan kula panjenengan sedaya, Kanjeng Nabi Muhammad Miraj minangka kedadosan ingkang ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya mliginipun umat Islam. Ing salebeting Isra lan Miraj menika, Kanjeng Nabi Muhammad SAW pikantuk wahyu sholat sedinten sedalu kaping gangsal. Ing samangke langkung gamblang lan cethanipun, badhe dipunwedharaken dening Bapak Mubaligh ... saking ....Kula kinten atur pambuka pengetan Isra Miraj ing dalu menika kula cekapi semanten rumiyin. Mangga sesarengan kangge tetenger bilih pengetan menika dipunwiwiti maos basmalah Cekap, matur kalam, billahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum warahmatullahi contoh teks sambutan berbagai tema dalam bahasa Jawa yang dapat dijadikan sebagai referensi. Semoga bermanfaat, Lur!Artikel ini ditulis oleh Santo, peserta Program Magang Bersertifikat Kampus Merdeka di detikcom. Simak Video "Ganjar Ingatkan Bahaya Hoaks Saat Hadiri Haul KH Dalhar Watucongol" [GambasVideo 20detik] apl/ahr
contoh atur atur bahasa jawa